Sabtu, 12 Desember 2015

Geguritan / Puisi Bahasa Jawa-Jaman Perang


Jaman perang
Larang pangan, larang sandang
Semangat makantar-kantar
Koyo geni
Sanajan klambine goni
Waspa lan ludira
Nyiram bumi nuswantara
Tanpa pagarep-arep pangalembono
Ikhlas ngorbanake jiwa raga
Siji kang sinedya
Merdika...
Merdika...
Anak putu urip mulya
Saiki...
Opo sing tok tindakake ?
Budaya kacolong bangsa monco
Ora kroso
Margolena ngumbar asmara kang ngoyoworo
E...kowe durung cukup yuswa
Sawangen kae
Kae...kae
Putra putri bangsa kang lagi nabuh irama gangsa
Kanggo nguri uri budaya

Karya  : Nanda Isna

Tidak ada komentar:

Posting Komentar